Jaka Tarub :
Farizal Ramadhana
Ibu Jaka Tarub :
Nandika Nanda Christhy
Raja Ajisaka (
ayah widadari ) :
Primarinto wiroandyoko
Ratu Sekar Dewi
( ibu widadari ) : Rizky Ulvianah
Widadari Abang :
Dyah Kartika Kusuma Wardhani
Widadari kuning (
Nawang Wulan ) : Nadya Ratna Sari
Widadari ijo : Ranny Marcelina Delia Asri
Widadari biru :
Nandika Nanda Christy
Widadari ungu :
Anggreani Purbo Andari
Widadari jambon : Luh Putu
Widyasri
Widadari putih :
Cicilia Arum Sekar Rinakit
Laras : Ranny Marcelina Delia Asri
Aryo : Andi Abdul Baits Azkar
Patih Raja
Ajisaka : M. Nurul Badrul Qomar
Raja Bintara : Fatur Rahman
Prajurit Raja
Bintara : Vanny Arsyando
Prajurit Raja
Ajisaka : Dicky Sindhu Dinata Wibowo
Jaka Tengil :
Haviz Darmawan
Jaka Tarub Lan 7 Widadari
jaman
biyen ing desa kepencil, urip ibu lan anakke seng jenenge Jaka Tarub. Jaka Tarub
wes ditinggal ayahe teko cilik. De’e iku bocah sing nduweni kelakoan apik, de’e
seneng nolong lan mbantu ibune kerjo.
Jaka
Tarub suwe-suwe wes tambah gedhe. ibune wes sering sakit-sakitan soale wes
tuwo. Dino iku Jaka Tarub lan ibune lagi tandang gawe nang sawah.
Ibu Jaka Tarub :
Uhuk.. uhuk.(watuk)
Jaka Tarub :
Ibu kenek opo?
Ibu Jaka Tarub : Ibuora opo-opo kok le.Mek
lara watuk ae
Jaka
tarub :ibu temenan ora
opo-opo?
Ibu jaka tarub :
iyo le, ibu ora opo-opo
Jaka Tarub :
nek ngunu ben aku wae seng nyelesekno tandang gawene ibu
Ibu Jaka Tarub :
suwon nak. Ibu beruntung nduweni anak kaya kowe
Jaka tarub :
mbok isok wae ibuku iki. Ibu istirahat wae ing gubuk
Ibu jaka tarub :
iyo le
Dina wes
tambah peteng.Jaka Tarub lan ibune mbalik nang omah.Pas teko nang omah
Ibune Jaka Tarub ngomong nang Jaka
tarub.
Ibu Jaka Tarub : le....(mbengok tekan adohan)
Jaka Tarub : dalem, wonten nopo bu ? kape dike’i Duwit ta ?
Ibu jaka tarub :
oalah le tole, mripatmu duwit tok ae isine
Jaka tarub :
heheheh guyon ae lo bu, wonten nopo bu ?
Ibu Jaka Tarub :
sek kene tak kandani
Jaka Tarub :
dikandani opo bu ?
Ibu Jaka Tarub :
le, kowe iku wes gedhe le, wes pantes ngerabi arek wedok
Jaka tarub :
aku jek cilik ngene lo bu (pringisan)
Ibu jaka tarub :
awak sak mene gedhene kok ngomong jek cilik. Temenan iki le
Jaka tarub :
nggeh, nggeh bu sepurane
Ibu jaka tarub :
ibu kepingin duweni cucu le sakdurunge ibu wes gak ono
Jaka Tarub :
Tapi kula dereng siap bu
Ibu Jaka Tarub :
nek ibu wes ora ono, terus sapa seng bakal ngurusi kowe ?
Jaka Tarub :
uwes talah bu, ora usah ngomong ngunu
Ibu Jaka Tarub :
ibu ngeroso bendino kepegelen le, ibu yo umure wes tuwo
Jaka Tarub : yo tak dungakno ibuku dowo umure lan sehat
sentosa
Ibu jaka tarub : iyo le amiiiinnn
Jaka Tarub
bingung karo omongane Ibune.Ono seng
aneh teko ibu’e.Isuk iki srengenge dorong muncul, Ibune gak koyok biasae,Ibune
Jaka tarup ngawekno sakcangkir kopi lan panganan gawe Jaka Tarub.
Ibu jaka Tarub :
iki le kopi ambek panganan gawe awakmu
Jaka Tarub : dungaren ibu nyiapno kabeh iki ?
Ibu Jaka Tarub :
wes talah gapopo. Mbok yo dipangan ngunu lo
Jaka tarub :
yoweslah matur nuwun nggeh bu
Ibu jaka tarub :
iyo le, ibu kepengen kowe gak kepegelen pas kerjo
Jaka Tarub :
matur nuwun sing akeh nggeh bu
Ibu Jaka Tarub :
yo, podo-podo nak. Koyoke ibu dino iki
ora iso nang sawah ngewangi kowe.
Jaka Tarub :
punapa bu ?
Ibu Jaka Tarub : awake ibu nggreges le
Jaka Tarub : yowes, ibu istirahat wae, jaka
budhal dishik nggeh bu
Ibu Jaka
Tarub
: iyo nak ati-ati
Jaka
budal nang sawah.Masio budal kerja dewean deweke tetep semangat demi Ibune seng
loro lemes nang omah. Gak disangka ana gadis seng ngetuti Jaka mlaku. Gadis iku
jengenge Laras anake Pak Kades.
Laras
: duhhhh, ganteng tenan yo jaka tarub iki. Sakmunggo’o arek iku dadi bojoku
mbesok, pasti aku bakal dadi arek wedok seng paling seneng. Ah wes ah ora
mungkin iku. Hmm nanging aku kudu ngelehno jaka.
Srengenge
wes mulai mingsrep. wektune jaka moleh nang umah nggowo hasil panen.
Jaka Tarub :
Assalamualaikum bu, bu..bu... ibu neng ngendi ? kok umahe semrawut ?
Gak suwe, jaka
nemokake ibune ana nang lantai.
Jaka Tarub :
Ibuuuuuuuuuuu!! (marani ibuke)
Ibu Jaka Tarub : sepuronono kabeh salahe ibu le, ibu
pamit. Iki penjalukan ibu seng terakhir, ndoleko pasangan uripmu.
Jaka Tarub :
ibu, ojok ninggalno jaka bu ( nangis )
Jaka tarub terus
nggetuni kelakoane sing njarno ibune loro nang umah dhewean. Jaka kepikiran lan
terus mikir
Dino ganti dino,
jaka keeleng karo panjalukane ibune sing terakhir, yoiku ndolek pasangan urip. Jaka
duwe kepinginan nduweni bojo widadarii sing ayu lan nduweni jiwo sing suci ben
duwe keturunan sing mulyo. nanging jaka dorong nemokake jodoh. hasil panenen suwe-suwe
tambah titik, jaka tambah nelongso urip dhewean.
Ing suatu dino
jaka budhal nang alas gawe ngilangno stress
(ing Kahyangan)
Ketokan 7 widadari sing ayu lagi njaluk izin karo ayah
lan ibune kanggo budhal ing mayapada
Widadari Abang :
ayahanda,ibunda kulo kale adik-adik nyuwun izin pamit tindhak ing
mayapada
Raja Ajisaka :
opo ? mayapada ?
Ratu sekar dewi :
ojok anak-anakku, nang kono bahaya gawe kalian
Raja ajisaka :
iku bener anakku, nang kunu bahaya gawe kalian, soale nang kunu duduk
Widadari biru :
kene mohon ayahanda, tolong izinaken kene
Widadari pink :
nggeh, kene mohon ayahanda, ibunda
Widadari putih :
kene janji bakal mbalik tepat wektu
Widadari hijau : ibunda tolong ibunda ngerayu
ayahanda gawe ngizinaken kene
Ratu Sekar Dewi :
tenang ankku, ibunda akan ngerayu ayahanda gawe ngizini kalian kabeh
Ratu Sekar Dewi :
kakanda, tolong kakanda ngizinaken anak-anake kene
Raja Ajisaka :
ora adinda, aku ora gelem
Ratu Sekar Dewi :
apa kakanda ora sakno ambek anak-anake kene ? arek-arek niku dereng tau
nang
mayapada kakanda
Raja Ajisaka :
tapi iku bahaya gawe anak-anak kene
Ratu Sekar Dewi :anak-anake
kene bakal luwih ati-ati
Raja Ajisaka : yowes adinda, anak-anake kene
bakal tak izinno
Raja Ajisaka :
wes, budhalo anak-anakku, tapi ambek syarat
Widadari ungu
: apa syarat sing ayahandakekno ambek kene ?
Raja : ilingo anak-anakku,
nek terompet kerajaan wes muni, kalian kabeh kudu wes
mbalik
nang istana
Widadari kuning :
nggeh ayahanda, kene ngerti kabeh, kene janji bakal mulih tepat wektu mbalik
nang
kahyangan
Ratu Sekar Dewi :
lan ilingo, nek selendang kalian ilang, kalian kabeh ora iso mbalik nang
kahyangan
Raja Ajisaka :
ojok abaino omongane ayahanda karo ibunda
Widadari hijau :
nggeh ayahanda, kene bakal cepet-cepet mbalik nek terompet kerajaan muni
Ratu SkarDewi :
sing ati-ati anakku, jogoen awak kalian apik-apik
7
Widadari : nggeh ibunda
Sakwise teko nang mayapada, para widadari niat gawe ngeresiki awake
nang danau
Byur…Byur…Byur…
Widadari
Abang :Cihuy…Asik…bisa adus
maneng. duhh banyune seger pisan.Wis seminggu
oraadus,awakku pada
pliket kabeh. Duh segerepol pokoke
Widadari pink : iyo yo koksegere poll.Tapi aku ya
ora kayak kowe, kowe kok dadi Widadari
ora tau adus.sih ? saiki neng kayangan kan wis ana pemandian umum.Ora ngerti sih
kowe, Katro Banget!!!
Widadari Biru :Iyo…ya ampyun…kowe sing jarang
adus.ngisin-isini banget dadi widadari.Masa widadari jarang adus.piyeh toh
?…contoh kayak aku ambek widadari kuning. Saben dina ora tau telat Manycure
Pedycure.…ambune mbok wangi pisan
Widadari kuning : iyo kaya aku ngene lo saben dino
ngeramut awak ben mesti tampil ayu sakben wektu
Widadari Ijo : wes wes..masalah ngunu ae dadi masalah.aku
sing pada kaya widadari Abang ae jarang adus meneng wae kok
Widadari Abang : Duh…Ijo,akhire onok seng podo kaya
aku. Ha…ha…ha…Tos disik yuk…(tos..!!tos..!!tos..!!)
Widadari Ijo :Tos…!!!
Widadari Kuning :Ya…ampyun…koyok ngunu ae
debanggakna.Mbok Jijai ngerti!!Oh…ya,ngomong-ngomong si Ungu,Biru,karo putih
lagi nengendi ya?koh kawit mau ora katon.
Widadari Jambon : Oh..wong telu iku mau lagi tuku sabun
colek . Mari iki paleng balik
Widadari Biru : assalamuailaikum yuk-yuk ku seng
ayu tapi sek cetaran aku..
Widadari Ungu : loh hee ojok ngawur sek terpampangan
aku , ga eroh aku koyok syahrini ngene a ?
Widadari abang : haaaa ?syahroni paling
Widadari Putih : wes-wes ndang adus iki loh sabune.
mambuku gaenak iki lo .
Widadari ijo : oh iyo ya lali aku gorong
sabunan
6 Widadari : lo iyo aku pisan
Widadari Kuning : kowe seh yuk atek ngajak ngerumpi
Widadari Abang : lo kok aku ?
Widadari Ijo : iyo
pancen awakmu
Widadari Putih : wes
cepetan yuk sabune gantian, aku selek pengen adus ikilo
Widadari Jambon : sek talah,
awakku ben wangi disihik
Widadari Ijo, abang, kuning : cepetan
pink
Widadari Jambon : iki iki
lo. Gopo wae
Gak disengojo
Jaka Tarub ngerungokno suarane arek wedok sing lagi guyon. Sampek akhire Jaka
nemukno 7 arek wedok sing ayu lagi adhus nang danau.
Jaka Tarub :
wihhh ono 7 widadari ayu ayu. Bekne onok sing dadi jodohku
Ambek
genah-genah, Jaka Tarub mlaku ngidek nang danau. Sakwise iku Jaka nemukno
selendang arek wedok iku seng kegeletak gak karuan. Sakwise milih, Jaka nyolong
salah siji lan nyingitno selendang iku mau.
(Terompet Kerajaan teko kahyangan muni)
Widadari Abang :
cepet adik-adikku, wektune kene mbalik nang kahyangan. Selak ayah ngamuk
Ngamuk
lo
Kabeh Widadari :
iyo ayo-ayo cepet selak ayah ngamuk
Nawang wulan :
(ndoleki selendange) waduh selendangku nang ngendi yo ?
Widadari Abang :
ayo adik-adik cepet ndang balik selek ayah ngamuk
Nawang wulan :
sek yuk, selendang kuningku ora ono. Aku ora iso mulih tanpa selendangku
Widadari Jambon :
para widadariayo podo ngewangi nawang wulan ndoleki selendange
(Widadari seng liane gopoh ndoleki Selendang Nawang
Wulan)
Widadari biru :
yokopo iki ? padahal selendange adik ono nang sebelah selendangku maeng
Widadari putih :
iyo, aku maeng yo ngerti.
Widadari ungu
: aku wes ndoleki selendang adik nawang wulan, tapi ket maeng gak ketemu-
ketemu
Widadari ijo :
iyo, aku yowes nyobak ndoleki. Apa seng harus kene lakokno yuk ?
Widadari Jambon :
kene gaisoh terus-terusan nang mayapada. Kene kudu muleh nang kahyangan
saiki
Widadari Abang :
kene nyuwon sepuro dek, paling wes takdirmu gawe tinggal nang mayapada Nawang
Wulan : Tapi yuk, yokopo ambek aku nang kene ?
Widadari ungu :
tenang wae dek, kowe bakal kene tak ke’i kekuatan gawe urip ing mayapada
Nawang wulan :
kekuatan opo yuk ?
Widadari biru :
kekuatan gawe urip kecukupan ing mayapada
Widadari ijo :
iyo, kene ke’i kekuatan masak sego nggawe 1butir biji beras tapi iso dadi sego
akeh
Widadari Jambon :
tapi ilingo, ojok sampek onok seng ngerti kekuatan iki. Nek onok seng ngerti
kekuatan iku
bakal gak berfungsi maneh.
Nawang wulan :
nggeh yuk, aku ngerti
Widadari putih : kene mek iso nggeki kekuatan iku Nawang
Wulan. Jagoen awakmu apik-apik
6 Widadari : Selamat tinggal adik Nawang Wulan
Nawang Wulan
: yuuuuuuuk...... ojok tinggalno aku
(nangis)
Keenem widadari
ayu iku ninggalno Nawang Wulan dhewean. Selendang Kuning Nawang Wulan durung
ditemokno. Nawang Wulan ngeroso kesepian lan nangis nang pinggir danau.
Jaka Tarub
akhire metu teko sengidanane. Jaka nyedheki lan ngehibur Nawang Wulan.
Jaka Tarub :
kenek opo kowe nangis gadis ayu ?
Nawang Wulan :
Selendang kuningkuilang. Aku ora iso mbalik nang kahyangan nek gak karo
selendang
iku
Jaka Tarub : apoKahyangan? Jadi kowe iku
widadari ? Pantesan ayu tenan
Nawang Wulan
: (meneng soale gaisoh njawab)
Jaka Tarub : ora usah ngunu, aku gak akan
melukaimu widadari ayu. Dari pada tingal nang
alas dewean,
yokopo nek tinggal nang umahku ? kowe iso tinggal nang umahku sementara waktu
Nawang Wulan :
seng temen ?
Jaka Tarub : iyo temenan, kowe iso tinggal nang
umahku sak suwe suwene seng kon arep
Nawang Wulan : matur nuwun
Jaka Tarub : oh iyo, jenengmu sopo ?
Nawang Wulan : Aku Nawang Wulan
Jaka Tarub : jeneng seng apik. Aku Jaka Tarub.
Ayo melu aku !
Nawang wulan :
yoweslah aku melu kowe wae
Ambek
roso seneng Nawang Wulan ngetuti Jaka Tarub nang umahe. Nawang Wulan nerimo
ajakan Jaka Tarub soale ora ngerti kape panggon nang ngendi.
(Ing kahyangan)
Sakwise teko
nang kahyangan, yuk-yuke Nawang Wulan ngeroso wedi ngadhep ayahe. Para widadari
wedi ayah lan ibune bakal ngamuk soale para widadari mbalik nang kahyangan ora
ambek Nawang Wulan.
6 Widadari :
ayah kene mulih( ambek wajah gopoh )
Ratu Sekar Dewi :
kenapa kok wajah putri-putriku kok podo gopoh ? opo ono seng kalian sembunyikno
?
Raja Ajisaka :koyoke onok seng kurang teko kalian
Raja Ajisaka :
lo nang ngendi adikmu Nawang Wulan?
6 Widadari : (podo ndelok1 podo liyane soale
keweden )
Ratu Sekar Dewi : ayo nang ngendi Nawang Wulan ? lapo’o kalian mulih gak atek
adekmu ?
Widadari merah
: sepurane ayah, ibu. Nawang Wulan gak isok mbalik nang kahyangan
Ratu Sekar Dewi :
lapo’o kok gaisok ?
Widadari ijo : selendang Adik Nawang Wulan ilang
ibu
Widadari Biru : iyo bu, selendang adik Nawang
Wulan ilang gaisok kene temokno ibu
Bidadari ungu :
iyo ibu kene wes ndoleki nang ngendi ngendi tapi ora ketemu
Raja Ajisaka :
ayah kecewe karo kalian, kalian ora iso njogo adik kalian (karo nyentak )
6 Widadari :
se...se...se.sepurane ayah, ibu kene ora ngerti
Ratu Sekar Dewi : uwes talah kakanda, ora usah nyalakno arek-arek.Paling yo wes
takdire
Nawang
Wulan panggon nang mayapada
Raja Ajisaka : patih
Patih : nggeh, punapa patih ?
Raja Ajisaka : opo seng kudu kene lakokno gawe
Nawang Wulan Patih Hadiyawarman ?
Patih
: Hamba setuju kalih omongan
Ratu Sekar Dewi, raja. Paling sampun takdire
Nawang Wulan tinggal ing Mayapada.Dadine kita mboten usah ngelakoake nopo-nopo. Berharap
semugi hal-hal sing elek mboten kedaden ing Nawang Wulan
Raja Ajisaka :
yaweslah nek ngunu patih
Patih : nggeh
Dino ganti dino
Jaka Tarub lan Nawang Wulan wes kelalu. Jaka lan Nawang tambah nyatu lan wes
saling kenal. Akhire Jaka lan Nawang mutusno gawe rabi. Tapi ono pihak seng ora
seneng karo hubungane Jaka lan Nawang. Yaiku Laras dan Arya.
Laras karo Arya
lagi ngomong gawe ngehancurno perkawinan Nawang wulan karo Jaka tarub.
Arya :
hei lapo ngelamun iku ?
Laras :
gak, gak popo kok
Arya : seng temen ?ayo kene cerito
karo aku
Laras :
aku mangkel karo wong
Arya : mangkel kenek opo ?
Laras :
de’e wes ngerebut Jaka Tarub tekan aku
Aryo :
haa Jaka Tarub ? opo seng mbok maksud iku nawang wulan ?
Laras :
iyo, aku gak seneng karo pernikahane de’e
Arya :
gak kuwi tok, aku yo gak seneng pisan
Laras :
yokopo nek kene nyatu gawe ngehancurno pernikahane de’e ? aku mangkel tenan
Arya
: iyo aku gelem, tapi opo rencanamu ?
Laras
: kowe kudu ngewangi aku gawe ngantukno Jaka
Arya
: Oke, tak bantu kowe. Tapi opo imbalan gawe awakku ?
Laras
: hmm imbalance kowe bakal tak bantu ngatukno Nawang Wulan
Arya
: yowes aku setuju
Laras karo Aryo berusaha gawe
ngancurno perkawinanan Nawang Wulan lan Jaka Tarub. Nanging usaha sing
dilakokno gagal.
Sakmarine Nawang wulan lan Jaka tarub
wes suwe rabi, mereka dikaruniai anak kembar lanang loro. Anake jenenge Jaka
Tengil lan Jaka Asih.
Sakwise Jaka
Asih lan Jaka Tengil wes gedhe. Permasalahan antara
Jaka Tarub lan Nawang Asih tambah akeh.
Jaka pengen
ngerti soal Nawang Wulan soale kene hasutan Arya koncone
.Arya
: he jaka, kon gak curiga ta karo bojomu ?
Jaka
Tarub : opo maksudmu yo ?ojok
aneh-aneh kon
Arya
: bukane bojomu selama iki ngelarang kowe mbukak bakul sing gawe masak sego ?
Jaka Tarub :
iyo emang bener. Tapi opo
masalahe ? aku gak ngerti lo
Arya :
ealah ko joko, seng pinter titik ngunu lo, pancet ae. Kowe lo ora curiga
ta nek
lumbung
padimu iku ket mbiyen jek utuh ? koyok gatau digawe masak karo bojomu
Jaka Tarub :
aku gak curiga kok, aku percoyo karo bojoku
Arya
: oiyo sih lali, joko kan wes ngeroso gak
curiga soale kon wes bahagia oleh bojo ayu koyo Nawang Wulan
Jaka Tarub :
westah menengo
Pas Jaka Tarub
mbalik nang umah, Jaka ndelok bojone Nawang Wulan lagi masak
Jaka Tarub :
Assalamu’alaikum
Nawang Wulan : Wa’alaikumsalam. Akang wes moleh ternyata
Jaka
Tarub : iyo, ono opo
dinda ?
Nawang Wulan :
aku oleh njaluk tolong ?
Jaka
Tarub : njaluk tolong opo
dinda ?
Nawang
Wulan : tolong akang njaga geni
iki, dinda lagi masak sego soale
Jaka
Tarub : ohh, dinda arep
metu nang ngendi ?
Nawang
Wulan : dinda arep metu nang
kali nyuci kelambi kang
Jaka
Tarub : yowes lah dinda
Nawang
Wulan : tapi iling, akang mboten oleh
mbuka tutup kukusan iki. Akang
kudu iling karo
janji
akang dewe
Jaka Tarub :
Tenang wae Dinda. Akang bakal iling janji akang dewe
Nawang wulan :
yaweslah kang, aku budhal dishik yo kang
Jaka
tarub : iyo ati-ati yo
Sakwise Nawang Wulan metu, Jaka Tarub
iling ambek omongane Ayo.Soale atine Joko dibek’I rasa pengen ngerti.Jaka Tarub
langsung mbukak tutup kukusan seng ono nang ngarepe.
Jaka
Tarub : Haaah, dadi
selama iki dinda masak sego ambek sebutir biji padi. Pantes ae
selama iki lumbung
padih isih akeh
Nawang
Wulan moro-moro teko sakwise ngumbah kelambi nang kali
Nawang Wulan :
lagi opo kowe akang ? (nyentak)
Jaka Tarub : A… a… akang gak lagi opo-opo
dinda (ambek gagap ). Akang pergi dipek
yo
nang
sawah, ono tandang gawe seng kudu tak selesekno
Sakwise Jaka
metu, Nawang Wulan langsung mbukak tutp kukusane. Pas wektu iku Nawang Wulan
curiga karo bojone soale setangkai biji padi jek wutuh nang njero kukusan.
Akhire Nawang Wulan ngerti nek bojone dhewe sing mbukak tutup kukusane sampek
kesaktian Nawang Wulan ilang.
Sakmarine iku Nawang
wulan kudu numbuk padi terus gawe masak, kaya wong wedhok liyane. Tumpukan
padine suwe-suwe tambah entek, suatu dino Nawang Wulan nemukno selendang
bidadarine seng keselip nang tumpukan padi. Akhire Nawang Wulan ngerti nek
bojone sing nyingitno selendange.
Nawang Wulan
: astaga, dadi selama iki bojoku dewe seng nyembunyikno Selendangku.
Alhamdulillah iki mungkin wes dadi kehendak seng dhuwur
Sakwise Nawang
Wulan ngerti nek selendange dicolong bojone dewe, Nawang Wulan mutusno gawe
mbalik nang kahyangan lan ninggalno Jaka Tarub lan loro anake.
Nawang Wulan :Kakang,
sepurane, aku kudu mbalik nang kahyangan
Jaka tengil :
ibu kate nang endi ?
Jaka Asih :
iyo bu, aku oleh melok ora(ambek meluk ibuke)
Jaka Tarub :
Tapi dinda yokopo ambek anake kene, Jaka Tengil Lan Nawang Asih ? mereka ora
iso ditinggal karo awakmu
Nawang Wulan :
tolong Jagaen kedua anakke kene kang
Jaka Tarub :
Tapi dinda aku ora sanggup njaga mereka dewean
Nawang Wulan :
Dinda percaya kakang bisa njaga kedua anak kene
Jaka Asih :
Ibu, ojok tinggalno kene dewean bu (Nangis ambek ngerangkul ibuke)
Jaka Tengil :
Iyo bu, ojok tinggalno kene dewean bu
Nawang Wulan :
Kalian kan gak dewekan, ono ayah seng bakal ngancani kalian
Jaka Tengil dan Jaka Asih : Tapi bu, kene
kepingin ibu barengan ambek kene ndek kene
Jaka Tarub :
opo dinda gak sakaken kale Asih lan Tengil ?
Nawang Wulan :
tapi ndek kene duduk panggonanku. Panggonanku nang kahyangan kang
Jaka Asih :
aku oleh melok ta bu ?
Jaka Tengil :
aku pengen ngerti panggonan asale ibu
Nawang Wulan :
ora iso anak anakku, kalian ora iso merono
Jaka Tengil :
kenek opo bu ?
Nawang Wulan :
nang kono duduk panggonan kalian dadi kalian ora iso merono
Jaka Asih :
ibu gaoleh mbalik
Jaka Tarub :
opo kowe ora berubah pikiran dinda ?
Nawang Wulan :
ora kakang, aku kudu mbalik
Jaka Tarub :
sakno anakke kene dinda
Nawang Wulan :
iyo dinda ngerti, tapi dinda kudu mbalik kang.
Jaka Tarub :
nek iku karepmu yowes dinda aku kudu kudu ikhlas ngerelakno kowe
Akhire ambek
rasa kepeksa Jaka lan anakke ngeikhlasno ibune mbalik nang kahyangan.
Nawang Asih :
Ibuuuuuuuuuuuu…” (Nangis lan nyekel rapet tangan Nawang Wulan)
Jaka Tengil :
Ibuuuuuuuu.. ojok ninggalno tengil bu (nangis )
Nawang Wulan :
ibu gak bakal metu adoh saka kalian, ibu akan ngawasi kalian teko kahyangan
Jaka Tarub :
ati-ati dinda
Nawang wulan pun
mbalik nang Kahyangan. Tapi sakwise mbalik nang kahyangan, Nawang Wulan ora ngerasakno
kesenengan tapi kesusahan. Kesusahan Nawang Wulan lan keluagane yaiku pas
kahyangane nang langit diserang karo sakgerombolan jin jahat pimpinane Raja
Bintara sing wes suwe pengen ngerapi Nawang Wulan karo ke-6 mbakyu-mbakyune.
Kepengenan Raja Bintara ditolak karo ke-7 widadari karo wong tuane.
Raja Bintara :
nang endi ke7 calon bojoku ?
Raja Ajisaka :
Apo maksudmu?
Raja Bintara :
nang endi Nawang wulan ambek ke-6 dulur-dulure ?
Ratu Sekar Dewi :
opo maksudmu ngomong koyo ngunu ?
Raja Bintara :
mbiyen kan aku wes ngomong ambek kon
kabeh, nek aku kate ngerabi ke7 anakmu
Widadari Abang :
opo ? ngerabi ? aku lan dulurku ora sudih ( cuihhh)
6 Widadari :
iyo aku ora sudih pisan
Ratu Sekar Dewi :
he Raja, aku seng dadi ibu ora setuju ke7 putriku rabi karo kowe
Raja Bintara :
hee ojok mekso aku ngelakokno kekerasan nang kon kabeh. Hahahaha
Widadari ijo :
kene ora wedi karo omonganmu
6
Widadari : iyo ora wedi
kene
Raja
Bintara : ojok salahno aku nek ono kejadian karo putrimu (narik
tangan Nawang Wulan )
Nawang
Wulan : Ayahanda Tonongono kula
Raja
Ajisaka : hee colno putriku
Raja
Bintara : ora iso, putrimu bakal tak dadekno istriku
hahahaha
Raja
Ajisaka : patih
hadiyawarman, gowoen putriku mbalik !
Patih : nggeh raja
Patih : he raja Bintar, colno putri
Nawang Wulan !
Raja Bintara :
ora, aku ora gelem. hahahah
Patih : karepmu opo ? kowe njaluk perang ?
Raja
Bintara : ayo !aku ora
wedi
Patih : ayo tokno
prajuritmu !
Raja
Bintara : Prajurit ayo
rene !
Prajurit
Bintara : nggeh Raja
laksanaaken.
Raja
Bintar : siapno senjata
gawe perang !
Prajurit
Bintara : sakniki Raja ?
Raja
Bintara : yo iyo, mosok
taun ngarep ?
Prajurit Bintara : ohh
nggeh nggeh laksanaaaken
Patih : prajurit, siapno
senjata gawe peperangan !
Prajurit
Ajisaka : nggeh patih, laksanaaken
Peperangan jinkaro keluarga kerajaan pun
dimulai. Tapi akhirnya Raja Bintara karo jinnya kalah
Nawang Wulan :
ibuuu ( ngerangkul ibuke )
Ratu Sekar Dewi :
alhamdulillah
WidadariAbang :
hahaha kapok kon Bintara
Widadari Ijo : hahaha iku akibate macem macem karo kene
Sakwise
peperangan wes mari, Nawang Wulan mbalik maneng nang maayapada gawe nemoni bojo
lan anakke.
Jaka Tengil lan Jaka Asih : Ibuuuuuuuu
Nawang Wulan : iyo anakku
Jaka tengil :
aku kangen karo ibu
Jaka Asih : iyo bu, opo ibu arep mbalik maneh
teng mriki ?
Nawang Wulan : ora anakku, nang kene duduk
panggonan ibu
Jaka Tarub : opo dinda bakal bali maneh nang
kahyangan ?
Nawang Wulan : nggeh kang
Jaka Tarub : terus yo’opo nek kene kangen karo
dinda ?
Nawang Wulan
: ilingo aku pas kalian
ndelok bulan, nang kono aku bakalan ngehibur kalian teko kahyangan, akang, anak-anakku
ibu pamit dishik yo. Jogo awak kalian apik-apik
Sak marine iku
Jaka Tarub lan keloro anakke mesti ndelok rembulan pas bengi gawe ngenang
Nawang Wulan.